Geguritannya yang buat aku sendiri lhooooooooo................................

LUPUT

Luput ing laku marang sliramu
Kang durung pungkas aku tebas
Isih nempel lara menyang ati
Nuwuhake rasa sengit,bengis

Luputku akeh
Saumpama aku ngerti papan dunungmu
Mesthi aku bakal moro
Njaluk pangapura
Awit…..
Bisowa ngapurani lupute wong liya
Aja rumangsa bener
Aja rumangsa menang
Supaya tetep rukun
Ora mbedakke cilik gedhe

Nanging nganti seprene aku ngetokke iluh
Nyeseli luputku marang sliramu
Jujur ajur,ora duwe karep
Kajaba njaluk pangapura

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Geguritannya yang buat aku sendiri lhooooooooo................................"

Posting Komentar