Raden Ajeng Kartini

Raden Ajeng Kartini salah satunggaling pawestri ingkang miyos wontening kitha Jepara tanggal 21 April 1879 , dene tiyang sepuhipun salah satunggaling Bupati Jepara ingkang asma Raden Mas Adipati Sastrodiningrat, uga menika tasih wayahipun Bupati Demak ingkang asma Tjondronegoro. Saksampunipun Raden Ajeng Kartini rumajang dewasa piyambakipun kagungan gegayuhan ingkang luhur kepingin ngentasaken bangsa Nuswantara saking cekremanipun bangsa Walandi. Lan ugi piyambakipun kepingin ngangkat derajatipun kaum pawestri awit wedal menika kaum pawestri dipunanggep asor derajatipun utawi namung dipunanggep rencang wingking. Lajeng piyambakipun tuwuh kepingin lumebet wonten pamulangan ingkang ancasipun bangsa kita mboten naming dipun injek-injek bangsa Walandi. Raden Ajeng Kartini nate ugi lumebet wonten sekolahan ingkang naminipun E.L.S. (Europese Lagere School) ingkang setingkat kaliyan sekolah dasar.
Raden Ajeng Kartini ugi kagungan semboyan “Kita kedah adamel sejarah ingkang luhur kangge bangsa kita, kaliyan kaum pawestri kedah pikantuk ilmu ingkang bobotipun sami kaliyan kaum kakung”. Inggih wonten pawiyatan piyambakipun kepingin nambah kawruh ingkang luhur. Wontening warsa 1903 Raden Ajeng Kartini dipunjodokake kaliyan Bupati Rembang ingkang sesilih Raden Adipati Joyoningrat. Pramila piyambakipun dherek kakungipun wontening kitha Rembang. Wontening papan menika piyambakipun anglajengaken gegayuhanipun kanthi ngawontenaken sekolahan mligi pawestri. Wontening pawiyatan menika piyambakipun mucal caranipun damel rasukan, lan ketrampilan sanesipun. Raden Ajeng Kartini anggenipun mucal bangsa kita mboten mbenten-mbentenaken derajat utawi golongan. Sedayanipun kedah anggadhahi hak kaliyan kalenggahan ingkang sami kaliyan kaum kakung. Piyambakipun kagungan penggalihan menawi bangsa kita mboten saged majeng menawi mboten wonten penggalihan kaum pawestri. Raden Ajeng Kartini ugi damel kitab ingkang judulipun “ Habis Gelap Terbitlah Terang “ (Door Duisternis tot Licht) ingkang isinipun gegayuhanipun Raden Ajeng Kartini kepingin mapanaken kaum pawestri ingkang sami kaliyan kaum kakung.
Kanjeng Nabi Muhammad ugi paring dhawuh : “ kaum wanita kuwi jejer dadi saka gurune negara “ . Dados menawi kaum pawestri menika cubluk negari menika ugi mboten majeng. Awit saking peloporipun Raden Ajeng Kartini, satengah kaum pawestri gumregah supados saged berjuang merdikakaken bangsanipun. Alhamdulillah, perjuangan Raden Ajeng Kartini menika sampun kasil. Eba remenipun menawi saged meningi asil perjuanganipun Raden Ajeng Kartini. Nanging jiwa Pahlawan pancen mboten mekaten . Jiwa pahlawan berjuang mboten kangge pribadinipun naming perjuangan menika kangge turunipun. Raden Ajeng Kartini mesem ing manah, sinaosa mboten saged meningi asil perjuanganipun ing donya, nanging priksa ing mrikanipun amargi Raden Ajeng Kartini sampun seda menawi yuswanipun 25 warsa wontening tanggal 17 September 1904 rikala piyambakipun nglairaken putranipun ingkang mbajeng. Nanging akhir-akhir punika eba sedhihipun Raden Ajeng Kartini, awit sareng sampun kasil perjuanganipun, kepara para putri sami klintu arahipun. Sedaya kepengin dipun sami kaliyan priya. Satemah ngantos mboten wonten wates antawisipun priya kaliyan wanita.
Sinaosa Raden Ajeng Kartini berjuang nuju emansipasi/ hak sami antawisipun priya wanita, nanging tetep anut kodrat, bilih wanita kinodrat nboten sami kaliyan priya. Tetep kakung punika pemimpinipun wanita . Bapak tetep minangka pemimpin rumah tangga. Sampun ngantos ibu lajeng ngerah bapak, mboten manut kakungipun. Mangga kita ungak malih isi semangat perjuanganipun Raden Ajeng Kartini , kita sambet amrih sempurna asiling perjuanganipun.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Raden Ajeng Kartini"

Posting Komentar